Sejarah Desa Gubug

Sejarah Desa
Sejarah singkat mengenai munculnya Desa Gubug di awali oleh cerita rakyat tentang “ Adeking Desa Gubug “ yang menceritakan sebagai berikut :
Geger kartosuro
Ibarat katempuh mauto ginowo banjir bandang Prajurit mangku bumi eng karto suro. Awit Prajuri Walondo wus tumapak hing Kartosuro.Tangeh lamun biso unggul Prajurit mangku bumi ngadepi pangamu” e Prajurit walondo.Suwarane mpriyam,bedil,pedang, ploronging tumbak dinulu pindo bon pring kaapu lesus.Prajurit sultan kapracondang samijining noro projo ingkang sinebut suto jiwo lan suto Goto priogong sakarone keplayu soko pangoyak ing londo tumapak ingkono wis katon repet-repet suto jiwo ngendikomarang suto Goto Iki prayogane lerem sawetoro hing kene miturut rasaku papan iki trep kanggo ngaso awit sang suryo wus sumurup saput bumi, saenggo Priogung sakarone Podo rasan, mangkene suk yen ono rejaning jaman papan iki dadio deso Kewenngen.Sakbanjure Priya gung sakarone podo luru papan kang panyes kanggo leson yoiku ono ereng-erengen menggeran sisih kulon menggeran kasebut duk rikolo samono sawijing papa kang duwur saenggo papan kasebut biso kanggo preani kuta solo kawistingal papan kasebut, kosokbaline papa kasebut datan kiniro menowo bisa kanggo papanpangayoman pepen pangayoman pangammuing walanda mungsuh katon nsoko kota solo mulo papan kasebut. Priagung sakarone netepake papan kasebut di arani Gunung Megontoro. biso kanggo ngilangke jejak saka pangoyakeng walanda priagung sekarone pada nguda rasa menawa ana rejaning jaman gunung iki sinebuta MEGANTARA.
Bareng we katon gagat rahino ing wetan wus katon abang sang suryo wis meh njedul Suta Jiwa lan Suta Goto pada ngrasa yen awake rumangsa lue letih lan lesu,priyagung kekalih banjur lumaku mudun engsedyo upoyo banyu kajobo ngobahke rogo ing sedoyo kang biso di unjuk kanggo ngilangake letih lesu lan kanggo reresik.ing kono nemokake sumber kang banyune bening banget diroso katone biso mulih ake oto bayu,menowo malah biso nambahi kekuatan enggal.weruh banyu kang nyarum priogong loro podo doyo-doyo ngunjuk sakjroning ngunjuk weruh kewan manyu sing diarani iwak kotes sing ono sak jroning sumber banjur priagung loro mau pad nguda rasa yen tuk ipun katon alit amargi mboten wonten ketingal tbanyu kang lumeber mring sakjabaning wewengkon sumbeber amargo sangine weninge banyu uga sumber katon tukmeko eng dasar apa kang ono sajeruning suber katon pendaning mersani apa kang kumelip ana ing darata malah katon luwih kinclong. Amargo misani weninging banyu priagung sakarone banjur ngunjuk, reresk sariro, engkono katon akeh kewang banyu kang biasa kanggo pangan ing manungso Piyayi kalih banjur upaya bisane nankep kewan banyu eng jero sumber mau Priagung sakarone banjur nyemplun sajroning sumber ing sedyo arep nangkep sing diarani iwak kotes mau banjur sumber ditawu wiwit isuk nganti suryo meh guplewang ora kepareng asat bebasan ditinggal noleh wae wes kebak maneh.sak banjure ki suto jiwo banjur ngendiko sumber iki tak wenehhi tenger sumber KEBAAN.
Yen mengkono aku percaya yen sumber iki ana terusane priogong loro mau banjur nurut banyu mau mangetan parane ono watoro limangatus depa adohe ning kono nemok ake kedung sing akeh iwake ki suta Jiwa lan suta goto banjur pada nyemplung ing kedung nedyo golek iwak ,ki suto jiwo ngendiko EMBELDER kedung iki sakwise wes entuk pangan kang rumongso cukup priogong loro sakarone banjur nerusake laku bali mengulon watoro teko kidul sumber ono wit jarak ki suto jiwo banjur metiki woh jarak kepyar jejer sing sarine lisang keno kanggo olah iwak kali terus suto goto ngendiko yen ngono tak arani BANJARSARI.srengengene wes ono sak kulone gunung pratondo meh surup kaperso soko kadohan ono gubug kang iso kanggo papan palereman ing kono.ki suto olo manghga lan suto goto sakwetoro lerem ono eng gubug o eng kono.dino sak banjure ki suto sak kloron mersani arah mengidul katon ono gunung banjur di luru papan kasebut mlaku ngidul tekojurang ono gondo kang nyengat irung pranyoto ono kirik kang mati wes mbatang sainggo ki suto jiwo ngendiko SENG KRIK terus ki soto goto yen ngono iki jurang SENGKRIK.sak ono kirik mati mau anggone lumaku podo ngati-ati turut PERENG terus mangidul ingkonno ono gubukan ora mung siji.Ki soto goto ngrasani menowo kono ki dukuh,ki suto jiwo ngendiko iki jeneng gede sing kebak wedi ,ki suto jiwo grenengan wedi iki dikeduki biso dadi bahan wewangunan,ki suto jiwo banjur ngendiko kene arane JURANG KEDUK.terus mangidul BENER ngidul maneh engko ono wit ringinn gede ono munyuk jragem sing manggon ono kono banjur ki suto ngendiko kene iki KARANGTALUN,sak banjure ki suto jiwo pingin nonton endahing alam iki banjur ki suto goto pranyoto KADISONO papan kang paling duwur dewe lan ketok,terus nyawang mengalor BENER katon ono menggeran kang dhuwur mau di apit-apit jurang yoiki sing biso diarani GUNUNGWIJIL.
Wis kemput anggone jelajah alam sekit terus bali lerem sak wetoro nganti kahanan tentrem.
Mangkono mau kang biso aku aturake,menowo akeh salah lan kurang pas kahanane mugo-mugo ingkang wonten sambung rapet e marang sing tak tulis mugio paring pituduh amrih sempurna enggonku nulis cerito iki.
Nuwun.